SINAU
MACAPAT :
SAMBUNG
RAPETIPUN KALIYAN PAMBANGUNAN KAPRIBADEN BANGSA
dening Arif Hartarta, S.S., M.Hum.
A. Purwaka
Dumugi samangke, tembung ‘macapat’ taksih
asring dipuntegesaken sapenakipun piyambak. Wonten saperangan pamanggih ingkang
negesi tembung macapat kanthi pangertosan ‘macane papat-papat’. Terangipun,
cakepan ingkang dipunlagokaken kapedhot pendhak
sekawan wanda (suku kata). Pamanggih kalawau kula anggep salah kaprah,
tegesipun, sanadyan salah nanging sampun kelajeng kaprah utawi limrah
dipunginakaken lan dipuntularaken wonten ing pabrayan (masyarakat). Ing ngriki
badhe kula grejah wonten pundi dunung lepating pamanggih ing nginggil. Kula
pendhetaken tembang ‘gambuh’ ing salebeding serat Wedhatama:
Samengko
ingsun tutur,
Sembah catur
supaya lumuntur,
Dhingin
raga, cipta, jiwa, rasa, kaki.
Ing kono
lamun tinemu,
Tandha
nugrahaning manon.
Sumangga sesarengan sami katitipriksa cakepan
ing nginggil menika. Tembung ‘samengko’ namung dumadi saking 3 wanda. Menawi
kedah kawaos sekawan wanda tembungipun dados ‘samengkoing’, ingkang tembung
kalawau mboten wonten tegesipun, utawi
tembung ingkang mboten mungel. Mekaten kalawau kathah panunggilanipun. Ing
perangan salajengipun badhe kula babar menggah angger-anggering tembang lan
nembang macapat. Nanging saderengipun,
keparenga kula sekedhik njlentrehaken pamanggih kula bab werdiningkang “macapat”
kados ing ngandhap menika.
B. Macapat
Jaman Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat (PB XII)
Lelandhesan saking pinten-pinten katerangan
ingkang nate kula tampi, sekar macapat kagolong sekar alit, awit lahir ing
urutan kantun piyambak (kaping sekawan/papat). Dene ingkang lahir langkung
rumiyin kasebat sekar ageng utawi sekar kawi. Selajengipun wonten malih sinebat
sekar tengahan/sekar madya. Menggah sebatan tumrab sekar ageng inggih punika maca salagu, maca ro lagu. Sebatan
tumrab sekar tengahan katelah maca tri
lagu. Dados mboten mokal menawi tembang ingkang mijil kaping catur menika
sinebat “maca papat” utawi “macapat”.
Mboten ngemungaken pemanggih kados ing
nginggil ingkang nedya kula andharaken, awit taksih wonten salah satunggaling
bab ingkang kula raos wigatos sanget tumrabing pangertosan ing babagan macapat.
Abad 19-an dumugi samangke, peneripun wonten ing Keraton Kasunanan Surakarta
Hadiningrat, taksih saged dipunpanggihi naluri (tradisi) macapatan pendhak
malem jumat ing pringgitan paningrat Keraton, pramila salajengipun macapat
menika winastan macapat (cengkok/gagrag) pringgitan.
Lajeng wonten pundi sambungrapetipun?
Keparenga kula ngudari tembung ‘macapat’ adhedhasar kasunyatan ingkang wonten
ing jaman samangke. Menggahing kula, sinebat macapat awit panyekaripun wonten
ing parepatan/parepat/pasamuan, inggih ing parepatan kempalan, parepatan
kulawarga, utawi parepatan sawanci seba ing ngarsa nata. Cethanipun ‘maca ana
parepat’.
C. Tembang
Ingkang dipunwastani tembang inggih menika
reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran ingkang mligi utawi sampun
gumathok, ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken sarana kagunan swanten.
Wonten 5 golonganing sekar Jawi (tradisional),
inggih menika: (1) sekar gendhing, (2) sekar ageng/tembang kawi, (3) sekar
tengahan/tembang dagelan, (4) sekar alit/macapat, lan (5) tembang dolanan.
Tembang macapat ingkang kasebat ing angka 4 (sekawan/papat) kalawau pranyata
sampun wonten utawi sampun kaginakaken wiwit jaman Majapahit, tamtunipun ugi
sinawung ing basa Jawi tengahan. Serat sastra jaman Majapahit ingkang sinawung
ing tembang macapat antawisipun: Sudamala, Kidung Subrata, Panji Anggraeni.
Wekdal semanten, ingkang kagolong sekar
macapat namung: mijil, sinom, durma, asmaradana, kinanthi, dhandhanggula,
maskumambang, pangkur, lan pocung. Ewadene gambuh, megatruh, balabag,
wirangrong, lan jurudemung nalika semanten taksih kagolong sekar tengahan.
Girisa sewaunipun kalebet sekar ageng. Nanging sedaya ingkang kula sebat,
sakmenika sampun kagolong sekar macapat. Saben tembang macapat wonten
pinten-pinten cengkok (gaya). Tuladhanipun sekar dhandhanggula wonten
pinten-pinten gagrag, antawisipun: dhandhanggula maskentar, turu lare, lik
suling, tlutur, buminatan, ngajab sih, pada sih, banjut, lsp.
D. Wataking Tembang
Macapat:
I.
Pocung: kendho,
tanpa greget saut. Prayoge kangge cariyos ingkang saksekecanipun.
II.
Gambuh:
sumanak, sumadulur. Prayogi kangge paring pitutur ingkang ngemu suraos radi
sereng.
III. Durma:
sereng, napsu. Cocog kagem medharaken raos sereng, tantang-tinantang ing
paprangan.
IV.
Pangkur:
sereng, napsu. Jumbuh kegem ngandharaken carios perang.
V. Mijil:
prihatin. Cocog kagem medharaken raos sedhih, pitutur ingkang melas, carios
gandrung.
VI.
Kinanthi: kebak
sih, grapyak. Prayogi kagem pitutur raos tresna.
VII.
Sinom: canthas,
ethes. Prayogi sanget kangge nelakaken raos gandrung, prenes.
VIII. Dhandhanggula:
ngresepaken, luwes. Mathuk kangge nggambaraken raos menapa kemawon.
IX.
Maskumambang:
nelangsa, ngeres, kelara-lara.
X. Asmaradana: sedhih prihatin. Mathuk kangge
carios sedhih lan asmara.
XI. Megatruh:
trenyuh, memelas. Cocog kangge carios susah.
XII.
Lonthang:
was-was utawi gojag-gajeg. Cocog menawi kangge raos lelucon.
XIII.
Girisa: wanti-wanti.
Saged kangge mulang wuruk.
XIV.
Balabag:
sembrana. Cocogipun kagem lelucon.
XV.
Wirangrong:
ngemu prabawa ageng, ugi cocog kagem nggambaraken endahing alam.
XVI.
Jurudemung: kenes,
mathuk kagem carios peprenesan.
E. Wewatoning
Tembang Macapat:
Sekar macapat mboten saged kadamel
sakersanipun piyambak, awit sampun nggadahi paugeran-paugeran (guru) ingkang
gumathok. Sekar macapat winengku ing guru
wilangan, winengku ing guru lagu,
winengku ing guru gatra. Lagu ugi
winengku ing basa sastra, tegesipun sampun ngantos medhot tembung
sakenggen-enggen. Menggah jlentrehipun kados ing ngandhap menika:
a)
Guru wilangan: tegesipun wewaton wilangan utawi
cacahipun wanda/kecap ing saben gatra (larik).
b)
Guru lagu:
tegesipun wewaton lagu (dong-ding); wewaton dhawahipun swara ing pungkasaning
gatra.
c)
Guru gatra: wewaton
cacahipun gatra (larik) ing tembang saben sapada (bait).
E. 1 Guru Gatra,
Guru wilangan, Guru Lagu Tembang Macapat:
I.
Pocung: 4
gatra: 12 u; 6 a; 8 i; 12 a.
II.
Gambuh (ping
catur): 5 gatra: 7 u; 10 u; 12 i; 8 u: 8 o.
III.
Durma: 7
gatra: 12 a; 7 i; 6 a; 8 a; 5 a; 7 i.
IV.
Pangkur: 7
gatra: 8 a; 11 i; 8 a; 7 a; 12 u; 8 a; 8 i.
V.
Mijil: 6
gatra: 10 i; 6 o; 10 a; 10 i ;6 i; 6 u.
VI.
Kinanthi: 6
gatra: 8 u; 8 i; 8 a; 8 i; 8 a; 8 i.
VII.
Sinom: 9
gatra: 8 a; 8 i; 8 a; 8 i; 7 i; 8 u; 7 a; 8 i; 12 a.
VIII.
Dhandhanggula:
10 gatra: 10 i; 10 a; 8 e; 7 u; 9 i; 7 a; 6 u; 8 a; 12 i; 7 a.
IX.
Maskumambang:
nelangsa, ngeres, kelara-lara: 4 gatra: 12 i; 6 a; 8 i; 8 a.
X.
Asmaradana: 7
gatra: 8 i; 8 a; 8 e; 8 a; 7 a; 8 u; 8 a.
XI.
Megatruh: 5
gatra: 12 a; 8 i; 8 u; 8 i; 8 o.
XII.
Lonthang: 3
gatra: 12 a; 12 a; 12 a.
XIII.
Girisa: 8
gatra: 8 a; 8 a; 8 a; 8 a; 8 a; 8 a; 8 a; 8 a.
XIV.
Balabag: 6
gatra: 12 a; 12 a; 12 a; 12 e; 12 a; 12 e.
XV.
Wirangrong:
6 gatra: 8 i; 8 o; 10 u; 6 i; 7 a; 8 a.
XVI.
Jurudemung:
7 gatra: 8 a; 8 u; 8 u; 8 a; 8 u; 8 a; 8 u.
E. 2 Pedhotan Ing
Saben Gatra
Perlunipun pedhotan inggih menika kangge
andheging napas nalika nglagokaken tembang. Pedhotan ingkang sae, pedhotan
ingkang mapan wonten ing pungkasaning tembung, salajengipun dipunarani pedhotan kendho. Kosokwangsulipun,
pedhotan ingkang mboten mapan ing pungkasaning tembung dipunarani pedhotan kenceng. Gatra ingkang mawi
pedhotan kendho langkung sekeca dipunwaos, ugi langkung sekeca dipunsuraos
isinipun dening ingkang maos menapadene ingkang mirengaken.
Tuladha
pedhotan kendho ing sekar mijil:
Dedalane
– guna lawan sekti : 4 wanda –
6 wanda
Kudu – andhap
asor : 2 wanda – 4 wanda
Wani ngalah
– luhur wekasane : 4 wanda – 6 wanda
Tumungkula –
yen dipundukani : 4 wandi – 6 wanda
Bapang
– densimpangi : 2 wanda –
4 wanda
Ana catur –
mungkur : 4 wanda – 2 wanda
Pedhotan kados tuladha ing nginggil mengku
pikajeng supados tembung ing cekepan mboten ical tegesipun. Mangga dipuntaliti
larik ingkang kaping kalih, umpami pedhotanipun 4 – 2 (kuduandhap – asor),
tartamtu damel kidhungipun (bingung) sok sintena ingkang mirengaken, awit
tembung ‘andhap asor’ menika kalebet tembung saroja.
E. 3 Laras lan
Titi Laras
Laras: swanten ingkang sampun tumata kanthi
gumathok. Ingkang minangka dhasar swanten sekar macapat kapendhetaken lan
kacocogaken kaliyan larasing gangsa slendro lan pelog. Manut watesing swanten,
laras pelog kaperang dados tigang pathet:
1.
Laras Pelog
Lima
2.
Laras Pelog
Nem
3.
Laras Pelog
Barang
Dene menawi slendro:
1.
Laras
Slendro Pathet Nem
2.
Laras
Slendro Pathet Sanga
3.
Laras
Slendro Pathet Manyura
Titilaras : tandha utawi tenger kangge
mbentenaken andhap inggiling swantenanut larasing gangsa.
Titi Laras Slendro: 1 (ji) 2 (ro) 3 (lu) 5
(ma) 6 (nem)
i (ji).
Utawi sinebat: barang, gulu, dhadha, lima,
nem.
Titi Laras Pelog: 1 (ji) 2 (ro) 3 (lu) 4
(pat) 5 (ma) 6 (nem) 7(pi)
Utawi sinebat: panunggul, gulu/jangga,
dhadha, pelog, lima, nem, barang.
Titi laras gangsa kaperang dados 3 golongan,
inggih menika:
1.
Laras Cilik
2.
Laras Madya
3.
Laras Gedhe
E. 4 Macapat
Ingkang Prayogi
Menawi badhe nyekar amrih prayogi, ngengetana
pinten-pinten bab ing ngandhap menika:
1.
Mangertos
watak-watakipun tembang (ingkang badhe kasekaraken)
2.
Mangertos
guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra
3.
Mangertos
teges utawi suraosing tembung
4.
Mangertos
pedhotan ingkang pener
5.
Mangertos
titi laras
6.
Lesanipun
kedah wijang
Makaten andharan sagebyar babagan macapat,
salajengipun badhe kula andharaken sambung rapetipun sinau macapat lan
pambangunan kapribaden bangsa.
F. Macapat lan
Kapribaden Bangsa
Sampun cetha bilih sekar macapat menika
kalebet salah satunggaling wujud kabudayan (kagunan) Jawi ingkang nggambaraken
kapribaden wangsa Jawi. Sekar macapat namung wonten ing Indonesia kemawon, awit
panci lahir wonten ing Nuswantara. Pramila sampun trep menawi macapat winastan
kaca kapribaden bangsa. Kathahing panaliten Filologi nelakaken bilih
serat-serta Jawi kuna ingkang ngginakaken tembang macapat pranyata isinipun
mengku suraos lan piwucal ingkang adi lan edi luhung. Dados, bangsa Nuswantara
menika sanes bangsa ingkang lumuh kados ingkang dipuntutuhaken dening
saperangan antropolog sabrang. Bangsa Nuswantara kalebet wangsa ingkang remen
ngudi kawruh (agal-lembat). Tuladhanipun wonten ing pethilan serat Wedhatama:
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Cakepan sekar pocung ing nginggil ngemu
piwucal luhur, ugi ngemot katerangan ingkang pinanggih nalar tumrab sinten
kemawon ingkang nedheng lelumban ing pawiyatan.
Ing babagan panggesangan batin:
Lila lamun
kelangan nora gegetun
Trima yen
ketaman
Saserik
sameng dumadi
Tri legawa
nalangsa srah ing Bathara
Cakepan ing nginggil paring pitedah, inggih
menika sarana murih gesang tentrem kanthi lampah “tri legawa” kados ingkang
kasebat ing tembang. Nalaripun, umpami sinau macapat saget ngembaka ing para
mudha, tartamtu badhe wimbuh kawruhipun saking seserepan ingkang wonten ing
salebeting tembang. Macapat dipundadosaken sarana (wadah) dening para pujangga
ngesokaken kawruhipun supados saged lumuntur dumugi putra wayah.
***
nuwun,
nuwun, maturnuwun
Kapustakan
Anjar Any. 1983. Menyingkap Serat Wedhatama. Semarang: Aneka Ilmu.
Diyono. 2001. Tuntunan Bawa. Sokoharjo: Cendrawasih
S. Padmosoekotjo. 1958. Ngengrengan Kasusastran Jawi Jilid I. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.
S. Padmosoekotjo .1960. Ngengrengan Kasusastran Jawi Jilid II. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.
Tentrem Warsena. 2006. Tuntunan Sekar Macapat. Sukoharjo: Cendrawasih.
W. Purwaka dkk. (tt). Sekar Rinonce : Kawruh Basa Jawa. Sukoharjo: Cendrawasih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar