Tata: duwe karep bisaa mranata marang
uribe dewe, ya uribing batin, ya uriping lahir. Jer sanyatani urip iku sejatine
urup kang teges murup utawa padhang.
Titi: Sabisa-bisa urip iki kudu kebak
ing pangati-ati, awit ana wewangson saka para sepuh kalamun “sakbegja-begjane
wong sing lagi lali, isih begja wong kang tansah eling lan waspada (ngati-ati).
Titis: duwe karep supaya nering sedya
aja nganti luput satemah mrucut sabanjure kelut larut. Kudu titis ing pangarah
utawa ing samubarang reh utama.
Tanggon: tangon nduwe kareb tatag, anteb
ing sedya; awit sejatini sapa kang uwas bakale tiwas.
Tutug
: samubarang apa
bae kudu rampung. Sebab urip dewe nduweni purwa, madya, lan wusanane. Ing kono
lagi ingaran tutug. Ing atase urip, wis sakmesthine kalamun apa kang sinedya jroning jangkaning ngagesang
kudu tutug utawa rampung.
Ngayomi : ngayomi tegese menehi
“melindungi”. Dumadi saka tembung ayom kang nduwe kareb eyub. Papan kang ayom
wis mesthi wae bisa gawe sapa kang ana ing kono dadi jenjem, ayem, jinem.
Ngayemi: ngayemi nduwe kareb bisa gawe
ayem marang liyan. Ayem ing kene wis mesthi wae sesambungane karo rasa.
Ya
senadyan tuwa pikun yen tan wruh ing rasa, sayekti kena ingaran sepuh sepah lir
sepi samun, samangsane pasamuan gonyak ganyuk nglelingsemi. Liring sepuh sepi
hawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar